08 Oktober 2016

lirik lagu ijo ijo

Ijo Ijo
Jo ijo kembang kenongo
Kembang mlati putih rupane
Duwe bojo mas ojo sembrono
Nggo siji kanggo sak lawase

Putih putih dik kembang melati
Ijo ijo godhong meniran
Karepe munu dik yo mung yo mung yo mung siji
Yen dadi loro, aku kebetulan

Jo ijo si manalagi
Manalagi legi rasane
Duwe bojo kudu sing gemati
Golek gawe bendino rine

Abang abang dik wedange jahe
Nggo wedangan dik karo morotuwo
Dadi wong lanang dik iku iku iku patrape
Kalah menang hi jarno wae

Tuku salak mas diwadahi panci
Salak sepet sekaline
Senadyan gelak mas nanging nanging nanging gemati
Tiwas ngider ra wani lungo

Nam kupat om janure wis tuwo blarak
Nang wonosari ojo sarungan..isis
Yen lepat kulo nyuwun ngapuro
Lelagon iki namung guyonan

lirik lagu tunas turonggo mukti "sorak sorak"

SORAK SORAK

Sorak sorak penonton gemurung
Sorak sorak penonton gemurung
Suara neng madyo Pamite turonggo
Iku asale jathilan tunas turonggo mukti

Lurik lurik ulone sowo...
Snajan cilek buntute dowo....
Mbok yen nglirik seng kiro kiro
Seng dilirik ora rumongso

Ireng ireng motore kenjeng
Ganeng rene tak sopirane
Nek wes seneng ojo mong mandeng
Golek ono endi omahe

Sorak sorak penonton gemurung
Sorak sorak penonton gemurung
Suara eng madyo barise turonggo
Iku asale jatilan tunas turonggo mukti

Dari mana datangnya lintah
Dari sawah turun ke kali
Dari mana datangnya cinta
Dari mata turun kehati

Dalan ngunung kon lunyu bange
Mengko sore tak uruk kane
Prawan nggunung kok ayu ayu

Mengko sore tak rembukane