22 September 2016

lirik lagu Pamit Muleh

PAMITAN


Lilaknono pamit mulih
Pesthi kula yen dodo jodhone
Mugi enggal antuk maleh
Wong kang bisa ngladeni slirane

Pancen abot jroning ati
Ninggal ndiko wong kang tak tresnani
Nanging sedeh kados pundi
Yen kawula sadrema nglampahi

Mung sakmene atur puji karya raharjo
Sak pungkure aja lali asring kirim warta

Eman-eman benjang ndika
Yen ta nganti digawe kuciwa
Batin kula mboten lila
Yen ta nganti mung disiya-siya

Mung sakmene atur puji karya raharjo
Sak pungkure aja lali asring kirim warta

Eman-eman benjang ndika
Yen ta nganti digawe kuciwa
Batin kula mboten lila
Yen ta nganti mung disiya-siya

lirik lagu Tembang Kangen

Tembang  Kangen


Wayah wengi udan grimis ra uwis-uwis
Banyu kang tumetes dadi seksi nggonku nangis
Wong sing  tak tresanani tega ninggalake aku
Suwung jroning uripku yen ora ono sliramu

Sumilire angin tansah dudun kalbu
Roso kang tak ampet agawe loro dadaku
Lewat tembang kangen muga bisa dadi tamba
Tamba kangen iki nandhang wuyung  rina wengi

Liwat tembang kangen aku titip tresna
Opo pancen sliramu uwis ora krasa
Liwat  tembang kangen aku titip  sayang
Tresnaku mring sliramu ora bisa ilang

Opo lali opo pancen wis ora ngerti
Saktenane aku mung tansah setya ngenteni
Ngenteni balimu mendah manise esemu
Lewat tembang kagen iki wujud katresnanku